Kamis, 09 Juli 2015

PITUTURE WONG TUWO


  • Yen saya tuwo untumu saya ompong, iku pertandha yen sedhela maneh bakal ngerong. Mulo wis ojo padha sombong, ben amalmu ojo kobong

  • Yen saya tuwo awakmu saya kisut, kuwi pertandha yen sedhela maneh awakmu bakal mlebu luweng ciut. Mulo wis marenana anggonmu lacut. Maksiatmu ojo padha kebacut

  • Saya tuwo rambutmu saya putih, kuwi pratandha yen sedhela maneh bakal padha mulih. Mulo sing ikhlas ojo kakehan pamrih, awit nyawamu kuwi janjane mung nyilih

  • Saya tuwo mripatmu saya rabun, kuwi pratandha yen nyawa wis cedak ubun-ubun. Mulo enggalo padha njaluk ampun, kareben suk yen wis mati ora getun

  • Saya awakmu bakal wungkuk kuwi pratandha yen nyawamu bakal di jaluk. Mula dadi uwong kuwi karo aturan agama kudu tunduk

  • Saya tuwo wetengmu bakal gendut, dudu kok margo isine welut. Ayo padha nyengkut leh'e padha njaluk sepura lehmu laku luput. Ben sumarah ikhlas yen sawayah-wayah nyawa dipundhut

  • Saya tuwo untumu bakal saya ucul, kuwi pratandha yen bakal di gowo mumbul. Mulo ayo padha nyengkut enggonmu njaluk ngapuro sakdurunge dipikul. Sebab bakal ora iso polah yen wis di urug nganggo pacul
Nyuwun pangaksami lepating atur......

5 komentar: